Teks Drama Bahasa Jawa ( Ujian Praktik Bahasa Jawa SMA )


Panguripan  Nalika Sepuh Ketiban Kartika

Ing desa Sukawati, kecamatan Paugeran urip keluarga sing terdiri saka bapak, ibu lan anak – anake. Anak – anake iku mau cacahe ana 3, kabeh wadon lan saka keluarga sing terpandang ing desane. Pak Hanung, jeneng lurah desa Sukawati ning pikiranne isih kolot. Sri Utami, anak wadone pak Hanung sing mbarep wus lulus SMA, adikke Dwi Rahayu lagi melbu SMP lan Tri Panca isih SD.

Sri Utami         : “Nduk, Tri. Ojo golekki mbak Utami ya yen mbakyu mu iki gak
ana ngomah” (karo nata kertas – kertas sik semrawutan ning
kamare adikke)
Tri Panca         : “Lho? Mbak Utami meh nengdi je?”
Sri Utami         : “Aku pengen kerjo, Tri. Wus 3 tahun sakbare lulus SMA wingi
mbakyu mu iki gur nganggur ning ngomah.”
Tri Panca         : “Mbak Utami kan sering mbantu ibuk ning kebun, iku kan gak
nganggur ?”
Sri Utami         : “Gak ngono maksudku, Nduk. Aku pengen merantau ning
Kalimantan melu budhe Susilo. Aku yo pengin ngerasakne rekasane golek duwit
iku koyo opo. Mbakmu gak enak mbi bapak lan ibu yen jaluk terus”

            Krungu suara wong wadon saka ruang tengah.
Bu Hanung      : “Nduk, wis maghrib. Leren sik, gek ayo jamaah. Wus dienteni
bapak kae ta.”
Sri Utami lan Tri Panca           : “Enggih, buk.”

            Sak bare shollat jamaah, keluarga Pak Hanung biasane mangan bareng ning ruang makan. Karo mangan biasane keluarga mau cerita – cerita.
Bu Hanung      : “Nduk, ana apa kok sajakke koyo enek sik arep pok omongke ?”
   (Njupuk teko banjur ngisi gelase Pak Hanung)
Sri Utami         : “Anu.. niko, buk.”
Bu Hanung      : “Anu, niko opo ta, Nduk? Sik jelas yen ameh matur ki”
Sri Utami         : “Sri mboten wanton ajeng sanjang ibu napa bapak”
Pak Hanung    : “Opo ta, Sri ? Ngomongo wae”
Sri Utami         : “Sri kepengin nusul budhe Susilo, Pak. Sri kepengin nyambut
gawe”
Pak Hanung    : “Lho? Nusul ning Kalimantan? Ra bisa, aku ra bakal ngizinke
awakmu!”
Sri Utami         : “Wonten napa, Pak? Napa Sri klentu yen Sri pengin kerja?”
Pak Hanung    : “Gak salah yen awakmu pengin kerja. Ning, kowe gak usah kerja
adoh – adoh. Tur jebule ya gur ning pawon.”
Sri Utami         : “Tapi, Pak? Sri nggih pengin gadah pengalaman. Sri mboten
purun yen terus ngeten.”
Pak Hanung    : “Ngene kepiye ta? Kurang apa maneh bapakmu iki ?”
Sri Utami         : “Mboten ngoten, Pak. Riyen Sri pengin kuliah, ning bapak
ngendiko yen akhire Sri nggeh gur enten pawon.”
Pak Hanung    : “Lha bener ta omonganku? Wus gak usah aneh – aneh awakmu
ki. Manuto kandaku wae”
Bu Hanung      : “Wus ta, Pak. Ben sak senenge Sri wae, tur bocahe wus gedhe.
Wus wayahe mikirne go ngarep barang”
Pak Hanung    : “Iyo, Bu. Ning cah wadon ameh kerjo adoh, samarku yen
kecanthol bocah Kalimantan”
Bu Hanung      : “Lho kan kabeh wus ana sik ngatur, Pak.”
Pak Hanung    : “Pokoke gak entuk yo gak entuk. Kowe bantu – bantu ibumu ngurusi kebun wae. Tur bapak yo isih sanggup ngopeni keluarga iki.”

            Seje dino aktivitas Sri isih kaya biasane, bantu ibune ning kebun. Kebunne iku mau ditanduri sayur – sayuran kang aneka werna, kaya tomat, lombok, terong, wortel, lan kentang. Saben dino Sri karo ibune ngendaki tandurane mau.
Dwi Rahayu    : “Mbak, Sri. Aku wingi pethuk mas Surya, wonge lagi mantuk
saka Jakarta jare”
Sri Utami         : “Surya? Putrane Bu Mitro kae ta?”
Dwi Rahayu    : “Iyo, Mbakyu. Calon dokter yo ngendikane bapak?”
Sri Utami         : “Iyo, Nduk. Tapi kurang reti mbakmu iki. Wus gek salin banjur
mangan, kae wus tak masakke oseng – oseng senenganmu.”
Dwi Rahayu    : “Iyo, lha sampean wus maem durung, mbak?”
Sri Utami         : “Wus, mau ambi genduk Tri lan ibu”

            Ing ngarep omah, sak rampunge Sri resik – resik halaman teko wong gedhe duwur lan banjur omongan wong iku mau.
Surya               : “Sri? Kepiye kabarmu?”
Sri Utami         : “Lho? Surya yo iki? Kabarku ya isih ngeneki wae, Sur. Kowe opo
wus dadi dokter tenan?”
Surya               : “Haha, iyo, Sri. Aku Surya kancamu sangka cilik kae. Durung,
sekolahku durung tamat. Aku muleh mergo kangen deso, Sri.”
Sri Utami         : “Owalah, lha aku wae bosen, Sur, ning deso terus. Pengin
merantau ning nde bapak gak diizini”
Surya               : “Lha ngopo kok ngono, Sri?”
Sri Utami         : “Gusti! Ngasi lali, ayo mampir melbu disik. Kae bapak lan ibu ya
enek ngomah. (mlaku nyang ngarep omah banjur ndelehke sapu
sing digowo)
Surya               : (ngetotke mburine)

            Ing njero ngomah…….
Pak Hanung    : “Hebat tenan kowe saiki, Sur”
Surya               : “Hebat pripun, Pak? Kula nggih teseh biasa mawon”
Pak Hanung    : “Iyo, ning kowe kan calon dokter. Bakale dadi wong sukses.”
Surya               : “Amin, Pak. Inshallah. Pripun kabar ing desa, Pak?”
Pak Hanung    : “Yo isih koyo ndisik, Le. Ning saiki wus akeh pembangunan,
kaya o dalan – dalan wus podho diaspal, puskesmas cedak SMA
kae wus didandani”
Surya               : “Wah, nggih napa, Pak? Yen siyos kula menke ajeng magang
wonten puskesmas mriki mawon”
Pak Hanung    : “Woo, yo kebetulan angur kui, Le”
Bu Hanung      : “Iki wedhange, dicicipi dhisik yo, Le!” (karo medunke cangkir sik
diisi wedhang kopi)

            Seje dino……………
Sri Utami         : “Napa????? Bapak ajeng jodohke kula kalih Pak Brata? Duda
gadah anak niko? Mboten, Pak. Saestu. Sri mboten purun.”
Pak Hanung    : “Gak gelem kepiye ta awakmu iki? Wonge ki anggote DPR,
Nduk. Kurang kepiye meneh?”
Sri Utami         : “Ning, Sri mboten remen kalih tiange , Pak. Sri dereng pengin
nikah riyen.”
Pak Hanung    : “Wus ta! Manuto bapak wae. Uripmu bakal kepenak.”
Sri Utami         : “Buk???” (nangis sesenggukan)
Bu Hanung      : “Bapak! Wus ta, Pak. Gak mesakke anakmu wadon po? Dhisik
bocahe ameh kuliah gak sampean izini, ameh merantau kerja ya
gak bapak izini lha kok saiki ngakon bocahe rabi ta?”
(ngrangkul Sri karo ngelus – elus rambute )
Pak Hanung    : “Gak ngono, Buk. Lha yen Sri kuliah, mbesok yo gur dadi ibu
rumah tangga akhire, gek yen kerjo ning Kalimantan aku samar
yen bocahe kepincut bocah kono sing durung jelas, bibit, bebet,
bobote.”
Bu Hanung      : “Bapak ki keterlaluan banget karo Sri. Aku gak lelo yen anakku
wadon ameh dientokke Pak Brata. Ben Sri milih dewe jalan
uripe, Pak. Awake wus cukup ngekang bocahe”
Pak Hanung    : “Ibuk ki kok gak dukung bapak ta?” (rodok kesel karo mlorok)
Sri Utami         : “Mpun, Pak , Bu. Mpun! Sri mboten purun yen panjenengan
sekalian ribut ngeten niki.”
Pak Hanung    : “Wus karepmulah!”

            Telung dino sak bare tukaran karo bapake, Sri banjur meneng lan gak enek omongan karo bapake.
Surya               : “Opo? Kowe pengin lungo ko ngomah, Sri ?”
Sri Utami         : “Iyo, Sur. Aku gak betah karo sikape bapak. Aku gak sanggup
nuruti kepinginane bapak sing siji iki”
Surya               : “Terus kowe ameh lungo nengdi, Sri?”
Sri Utami         : “Aku pengen nusul budhe ning Kalimantan, Sur. Tapi aku gak tau
sobo adoh.”
Surya               : “Wus! Gak usah nekat. Mending omong apik – apik karo wong
tuo mu. Ojo ngasi gawe kecewa terutama ibukmu, Sri”
Sri Utami         : “Gek kapan aku ngecewakne bapak, ibuku, Sur? Aku gur pengin
urip manut apa sik tak pengini, gak apa sik dikarepke bapakku
terus. Aku kesel, Sur”
Surya               : “Ayo! Jajal tak omong karo bapakmu.”

**********
Pak Hanung    : “Wus. Aku gak arep ikut campur uripmu maneh, Sri. Saiki opo
sik pok pengin ?”
Sri Utami         : “Kula mboten purun napa – napa, Pak. Ning, Sri ajeng makarya
teng Kalimantan. Angsal nggih, Pak?”
Pak Hanung    : “Tapi….”
Surya               : “Mboten usah khawatir, Pak. Yen Sri siyos budhal, kula purun
mbaturi dhekne”
Sri Utami         : “Lho? Opo maksudmu, Sur?”
Surya               : “Aku gur pengin dadhi kancamu, Sri. Wus cukup awake ngapusi.
Aku pengin ngancani awakmu, ngasi kabeh reti kepiye cidrone
awake sakbar lulusan ndisik.”
Pak Hanung    : “Le, aku titip Sri yo! Jaganen anakku wadon iki.”
Surya               : “Enggih, Pak”.
            Akhire Sri Utami sido budhal menyang Kalimantan lan dibaturi Surya. Surya gak sido magang ing Puskesmas desa Sukawati banjur praktek magang ing Kalimantan. Bocah loro iku mau tetep jaga kekancan nganti kabehane padha sukses.

Penulis : Ayu Rahma .D

Komentar